You are here: Iklan umum
MATERI BAHASA JAWA

Ø MATERI RINGKES 1
Sambutan (sesorah)
Serorah yaiku medharake gagasan sarana lesan kang ditujukake marang wong akeh. Sesorah iku gedhe banget mupangate antarane kanggo sarana sesambungan karo masyarakat kanthi langsung, supaya apa kang dikarepake bisa langsung dimangerteni. Ancas utawa tujuwane sesorah yaiku:
1. Aweh panglipur marang wong liya
2. Menehi kabar/informasi
3. Mbujuk wong liya supaya melu apa kang diandharake
Tuladha:
Pamitan
Assalamualaikum wr.wb
Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMAN 5 Semarang kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah.
Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih.
Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.
Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti “ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane”. Nuwun.
Wassalamualaikum wr. wb.
Ø MATERI RINGKES 2
Micara
Micara ngono pancen ora gampang. Nalika micara kudu ngerti papan lan sapa sing diajak gunemane, apa maneh micara basa Jawa, antarane wong enom marang wong enom, wong enom marang wong tuwa, wong tuwa marang wong tuwa kabeh beda.
Basa wernane ing antarane ana kang diarani basa ngoko lan krama . Ing kalodhangan iki ora bakal kaandharake kabeh ananging amung basa krama mligine krama madya lan basa krama alus..
Basa Madya
Basa madya kaperang dadi telu yaiku,
  1. madya ngoko
Madya ngoko yaiku sing nganggo bakul, utawa priyayi marang wong cilik
Tuladha,
Yen ndika lunga Jogja kula tukaokna bakpia
  1. madyantara
Madyantara wujude kaya madya ngoko, nanging ater-ater lan panambange ngoko.
Tuladha,
Yen kang slira teng Jogja kula tukokke bakpia.
  1. madya krama
Madya krama awujud madya krama lan krama inggil
Tuladha,
Dados sajane sampeyan niki empun dhahar ta?
Basa Krama
Manut unggah-ungguh basa krama kaperang dadi 3 yaiku mudha krama, kramantara, lan wredha krama. Kang sabanjure basa mudha krama iki sinebut basa krama alus, dene kramantara lan wredha krama diarani krama lugu.
  1. Krama lugu yaiku basa krama kang wujud tembunge kabeh krama tanpa kecampuran krama inggil.
Tuladha: Kula kala wau sampun nedha lajeng tilem.
  1. Krama alus yaiku basa krama kang tembunge krama kacampur karo krama inggil.
Tuladha: Bapak ngendika dhumateng kula menawi anggenipun badhe tindak dhateng Sala mbenjang sonten.
Kanggone basa krama, yaiku:
- dienggo dening wong enom marang wong tuwa
- dienggo dening murid marang guru
- dienggo batur marang bendarane
- dienggo dening tepungan anyar
Pacelathon
Adi : “Assalamualaikum!”
Pak Ali : “Wa’alaikumsalam
O….. Adi njanur gunung sore-sore wis tekan kene, ana apa?”
Adi :” Inggih Pak, sowan kula mriki badhe nyuwun pirsa sejarahipun ‘pertempuran 5 hari’ ing kitha Semarang.”
Pak Ali : “O…. kuwi terus apa sing arep koktakokake marang bapak?”
Adi : “Mekaten Pak, kados pundi larah-larahipun kedadosanipun paprangan 5 dinten ing kitha Semarang?”
Pak Ali : “Mengkene….. Sawise kamardikan Republik Indonesia wis dipratelakake dening Ir Soekarno tanggal 17 Agustus 1945, ananging walanda lan wadya balane ora gelem ngakoni kamardikan Indonesia. Kedadeyan kaya ngono ana ing ngendi bae kayata Medan, Surabaya lsp. Semono uga ing kutha Semarang. Nalika semono tentara Jepang nyerang anggota polisi istimewa sing lagi tugas jaga ana ing tandhon banyu Wungkal, Siranda. Sabanjure keprungu warta yen tandhon banyu mau arep diracun dening Jepang. Yen pawarta mau bener, ateges wong saSemarang bakal mati keracunan. Mula pangarsa Laboraturium Pusat Rumah Sakit Rakyat (Perusara) kutha Semarang, dr. Karyadi enggal budhal menyang Siranda saperlu mriksa banyu tandhon Wungkal kasebut. Ananging ing dalan dicegat, banjur diprajaya dening Jepang. Tahanan Jepang ing sekolah Pelayaran padha brontak sateruse perang wis ora bisa dialang alangi maneh. Perjuangane para kawula mudha Semarang perang kalawan Jepang sajroning limang dina iku, katelah pertempuran 5 dina ing Semarang.”
Adi : “Lajeng, pasulayan menika wiwitanipun surya pinten, ngantos pinten dinten Pak?”
Pak Ali : “Saka tanggal, 14 Oktober 1945 nganti 19 Oktober 1945, kira-kira ya 5 dina.”
Adi : “Lajeng menapa wonten sesambetanipun kaliyan Monumen Tugu Muda Pak?”
Pak Ali : “Ana, Monumen Tugu Muda kuwi dibangun kanggo mengeti kedadean kuwi.”
Adi :”O… Mekaten. Samenika kula sampun mangertos Pak, matur nuwun seserapanipun.”
Pak Ali : “Ya, padha-padha.”
Adi : “Menawi mekaten kula nyuwun pamit wangsul rumiyin nggih Pak.”
Pak Ali : “Iya, ngati-ngati.”
Ø MATERI RINGKES 3
Nulis Pidato
Nulis pidato iku kawiwitan saka nemtokake tema, banjur digoleki subtema, nuli nemtokake irah-irahan utawa judhule pidhato.
Dene cengkorongane naskah pidhato yaiku:
1. Pambuka (purwaka basa)
Ngemot salam pakurmatan, syukur marang Allah, lan panuwun.
2. Isi (surasa basa)
Ngemot bab-bab kang gegayutan karo tema, subtema, lan irah-irahan.
3. Panutup (surasa basa)
Ngemot dudutan, pangarep-arep, nyuwun pangapura, lan salam panutup.
Tuladha 1
Atur Pambagya Harja
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Kantentreman miwah karahayon mugi tansah kasasira ing jiwangga panjenengan lan kulandalasan kulawarga.
Puji Syukur konjuk ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kabagaswaraan dhumateng kita, satemah panjengan lan kula saged kempal ing papan bagya mulya punika.
Para sepuh, pinisepuh ingkang pantes kinabekten.
Para rawu kakung putri ingkang minulya ing budi,
Keparenga kula pun Widagda kumawantun ngadeg ing ngarsa panjenengann saperlu netepi dhawuh saking Bapak saha Ibu Mintaragan, supados matur manembarama rawuh panjengan. Ingkang sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agenging panuwun awit panjenengan sedaya sampun ngenthengaken sarira saha nglonggaraken wekdal rawuh ing papan punika. Saestu rawuh panjenengan mujudaken pakuramatan ingkang ageng tumrap kulawarga Mintaragan.
Angka kalih, kados ingkang kapacak ing serat sedhahan, bilih ing dinten punika Bapak/Ibu Mintaragan kepareng miwaha saha mahargya putrinipun nun inggih Nimas Kencanawati ingkang sampun kadhaup dening Bagus Brillian Aji Putra kakungipun Bapak/Ibu Setyaji. Pramila saking punika panjengan kasuwun berkah pangestunipun.
Katiganipun, gumelaring adicara punika inggih awit saking iguh pratikel sumbang surungipun para tanggi tepalih, sanak kadang, lan para rawuh. Mila saking punika kula aturaken agenging panuwun sedaya kasaenan panjenengan. Mugi-mugi Allah paring piwelas tikel matikel dhumateng panjenengan sedaya.
Kaping sekawan, senajan adicara punika sampun karantam dangu saderengipun pranyata taksih kathah cecer cewetipun mila kanthi andhap asoring manah kula nyuwun mugi para rawuh kersa ngluberaken pangaksama.
Kaping gangsal, mbokbilih ing mangke wonten pasugatan ingkang arupi dhedhaharan mugi kersa para rawuh angrahabi kanthi suka rena ing penggalih.
Ing wasana mugi nyekecakaken lelenggahan ngantos purnaning adicara punika.
Kupat janure tuwa, sedaya lepat nyuwun pangaksama.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Tuladha 2
Pidhato pambagya saka kulawarga
Nuwun. Para sesepuh ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, Keparenga kula sumela atur munggel kamardika panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan.
Kula minangka tetalanging atur, matur ing ngarsanipun para rawuh bilih saking keparengipun Bapak Suseno sekaliyan ingkang sepisan ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti, dene ing wekdal punika saged nindakaken pawiwahan supitan putranipun ingkang nama Adimas Putra. Salajengipun Bapak Seseno sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu lan matur nuwun, dene panjenengan sami sampun ngloonggaraken wekdal saha penggalih rawuh ing pawiwahan menika.
Salajengipun kulawarga Bapak Suseno ngaturaken gunging panuwun dhumateng para kadang, tangga tepalih tuwin para mudha ingkang kanthi rila legawa paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon. Bapak Suseno sakulawarga boten saged ngaturi piwales menapa-menapa, namung saged ngaturaken agenging panuwun mugi Gusti Ingkang Maha Asih ingkang badhe paring piwales ingkang matikel-tikel kesaenan panjenegan wau.
Kaping sekawan, Bapak Suseno sekaliyan nyuwun donga pangestu saking para tamu kangge putranipung ingkang dipunkhitan inggih menika Adimas Putra ing dalem mriki. Mugi-mugi enggal pulih kasarasanipun lan ing tembe sageda dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh lan murakabi dhateng bebrayan kathah. Amin.
Para rawuh ingkang minulya, pungkasaning atur saking Bapak Suseno sakulawarga manawi anggenipun nanggapi rawuh panjenegan sadaya kirang mranani penggalih, kersaa panjenengan para rawuh paring sih samodra pangaksami. Saking kula pribadi, kathah lepat saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agenging pangapunten. Matur nuwun.
Ø MATERI RINGKES 4
Paragraf Deduktif
Sinau iku butuh motivasi gedhe. Ora waton maca utawa bukak-bukak buku nanging ora ngrti isine buku mau. Sinau kudu ngerti cara-carane kang apik supaya apa kang dikarepake penulis bisa kecandhak tur ora kleru. Motivasi mau bisa awujud dhukungan saka wong tuwa, sedulur, bisa uga saka kanca cedhak srawunge. Kajaba saka iku, bisa uga saka kekarepan, gegayuhan kang dhuwur lan bisa ngowahi nasibe dadi becik. Kanthi mangkono, sinau bisa dadi sregep lan ora aras-arasen.
Paragraf ing dhuwur kalebu tuladha paragraph deduktif amarga ukara utamane mapan ing awal paragraf.
Paragraf kabentuk saka kumpulan ukara-ukara kang nduweni siji ide pokok lan ditambah anane ukara-ukara panjlentreh.
Syarat paragraf bisa diarani apik Manawa :
a. Nduweni Kohesi (nyambung babagan ujude)
Paragraf kang apik kudu nduweni ukara-ukara kang nyawiji jumbuh saka ujude.
Kanggo niteni anane kohesi bisa ditonton saka ukara-ukara kang migunakake:
1. tembung panunjuk kayata iki, iku, kuwi, kae lsp.
2. tembung sesulih (ing basa Indonesia diarani “kata ganti orang”
3. ngambali tembung kang dadi undering ide pokok
b. Koherensi paragraf dianggep nyawiji menawa kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topik.
Manut sipate, paragraf iku dibedakake dadi loro yaiku:
1. Paragraf deduktif yaiku paragraph kang nduweni ukara baku manggon ana ngarep kasusul ukara-ukara panjlentreh.
Tuladha:
Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing kepingin nemoni kedadeyan ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Yen bisa nemoni kahanan sing ora nyenengake adate banjur diarani cilaka.
2. Paragraf induktif
Tuladha:
Beo kanggo transportasi saya suwe saya mundhak. Rega-rega barang kabutuhan urip saben dinane uga melu mundhak saenggo rakyat cilik ora mampu tetuku kanggo nyukupi kabutuhan uripe. Kauripan rakyat cilik saya mundhak susah. Iku mau jalaran saka mundhak ing rega BBM wiwit minggu-minggu iki kang nglunjak banget regane.
Ø MATERI RINGKES 5
Naskah Pidhato
Assalamu’alaikum Wr.wb
· Para sespuh pinisepuh ingkang tansah kinabekten
· Para pangembating praja ingkang dahat kinurmatan
· Sedaya warga Desa Sriwulan kakung saha putri ingkang minulya
· Para kadang mudha ingkang kula tresnani
Saderengipun kula ngaturaken babgan Dinten Proklamasi Kamardiakn RI, langkung rumiyin kula ndherekaken dhateng panjenengan sedaya, sumangga sami ngaturaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Welas lan Asih ingkang sampun kepareng paring kanugrahan awujud kasarasan miwah kawilujengan satemah panjenengan lan kula saged kempal ing ngriki kanthi kebak ing raos suka bagya saperlu ngawontenaken tirakatan mengeti dinten kamardikan Indonesia ingkang kaping 65.
Salajengipun, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sedaya warga ingkang sampun kapareng rawuh ing papan punika saengga saged hanjalari malem tirakatan ing dalu punika saged kalaksanan kanthi gangsar.
Para Bapak Ibu dalah kadang ingkang minulya,
Rahmating Allah ingkang awujud kamardikan punika mujudaken rahmat ingkang kita jagi. Kamardikan punika boten dhawah saking langit, para pahlawan sampun ngurbanaken bandha, tenaga lan jiwa murih bangsa lan Negara punika saged uwal saking regemaning perang muka. Pramila ing dalu punika kita sami ngawontenaken wungon tirakatan, kanthi lenging manah namung:
Sepisan : ngonjukaken syukur dhumateng Allah ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kamardikaning bangsa.
Kalih : Ngenget-enget lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun ngurbanaken jiwa lan raga kangge kamardikan. Kita unjukaken puji pandhonga dhateng arwahipun para pahlawan, mugi katarimah lelabetabipun lan kaparingan piwales utami dening Pangeran Ingkang Maha Kuwaos.
Tiga : kita lajengaken lelabetanipun para pahlawan nyampurnakaken kasil perjuanganipun kanthi ambangun nagari mardika punika amrih makmur. Kita kedah rumaos dosa, purun nampi warisan arupa kamardikan nanging boten kuwawi ngopeni lan miyara.
Para sedherek sedaya ingkang bagya mulya ,
Mangga ing kalodhangan punika kula ngajak supados para warga sageda nuwuhaken watak ingkang saged ngrembakaken semangat nasionalisme tumrap bangsa lan Negara saengga saged sareng-sareng ambangun nagari ingkang kita tresnani menika.
Mekaten atur sepala saking kula, minagka suhing RW 03 Desa Sriwulan, kula nyuwun agunging sadra pangaksama menawi wonten kiranging subasita, miwah cecer ceweting basa tuwin sastra. Nuwun
Wassalamu’alaikum Wr.Wb
Ø MATERI RINGKES 6
Angka Jawa
0 = 0 1 = 1 2 = 2 3 = 3 4 = 4 5 = 5 6 = 6 7 = 7 8 = 8 9 = 9
Aksara murda ing aksara Jawa mung anawolung aksara, liyane ditulis lumrah
Na = ! Ka = @ Ta = # Sa = $ Pa = %
Ba = * Ga = & Nya = ^
Maca wacan aksara Jawa
Nalika maca wacan kanthi tulisan Jawa kita asring mangguli sandhangan Jawa, kayata :
a. Wulu wujude i diwaca i tuladhane wigati : wigti
b. Suku wujude u diwaca u tuladhane buku : buku
c. Pepet wujude e diwaca è tuladhane seger : sege/
d. Taling wujude [ diwaca e tuladhane dhewe : [d[w
e. Taling tarung wujude [ o diwaca o tuladhane bodho : [bo[do
f. Cecak wujude = diwaca ng tuladhane kacang : kc=
g. Layar wujude / diwaca r tuladhane ajar : aj/

Ngrembug bab mekar-tumangkare kabudayan Nuswantara mligine Tlatah Jawa, Ikuora bisa dipisahake kelawan pasok-adhile Kanjeng Sunan Kalijaga, apadene para wali liyane. Sijining jejibahan luhur nyebarake Islam. Ing madyaning masyarakat, dudu ayahan kang gampang tegese mbutuhake pirang-pirang jurus lan srategi kang peng-pengan, luwih-luwih nedya nlusupake kabudayan mligi, marang kabudayan kang wus kenceng lumaku. Ing antarane tembang Ilir-Ilir.
Tembang Ilir-Ilir mengku teges kaya ngisor iki:
Ilir-ilir, ilir-ilir, tandure wus sumilir
Ngilir tandure, tandurane para wali lan mubaligh arupa winih agama Islam
Tak ijo royo-royo, dak sengguh temanten anyar
Ijo mujudake pralambanging Islam. Islam ngrembaka. Dak sengguh temanten anyar. Nalika semana Islam mujudake bab anyar kang mranani/nengsemi dijingglengi.
Cah angon-cah angon penekna blimbing kuwi
Kanjeng Nabi Muhamad SAW ngendika ana hadist ‘mutafaq ‘alaih kang wose saben-saben wong iku minangka juru pangon, besuk ana ngersa dalem Allah bakal ditempuhake (disegotrah) kabeh pakaryan olehe angon. Nanging kang dikarepake ana kekidungan iki, juru pangon yaiku para raja panewu bupati kang “angon rakyat” ageya padha nindakake rukun Islam (Menek Blimbing) blimbing alingir lima mujudake pasemoning Rukun Islam.
Lunyu-lunyu penekna, kanggo masuh dodotira
Kanggo menek blimbing (Rukun Islam) pancen lunyu tur rumpil, nanging tetepa ambudidaya, lan ngupiya, murih kasembadan anggegem, hengga sembada kang sinedya. Minangka kanggo amasuh “dodot” (kampuh). Dodot among den agem dening para ngaluhur. Ing jaman semana yen njamasi pusaka saperangan ana kang nganggo lerak, blimbing apadene jeruk pace. Ing kene mengku karep, kanggo anyuceni dodot, kudu ngupaya blimbing, kang anggone golek nganti oleh (Agama Islam) ora gampang.
Dodotira-dodoita kumitir bedhah ing pinggir
Dodotira (dodotmu), wus padha rusak, bedhah, karana cinampuran wewarah sasar kayadene animisme, kang ngolehake tumindak “Ma-Lima”. Agamanira tanpa adhedhasar lan alandhesan bab kang haq, apadene wahyu, nanging adhedhasar tahayul.
Donmono jlumatana kanggo seba mengko sore
Dondomana, (jaiten) sandhanganira kang rusak, sarana agama Islam. Kanggo cecepak samangsa sira tinimbalan sowan Allah. “Sesuk sore” mengku werdi yen umure manungsa iku tan kena kinira dawa-cendhake, sawayah-wayah bisa mati. Kita den ajab supaya wus sumadya sangu arupa ngrasuk Agama Islam.
Mumpung jembar kalangane, mumpung padhang rembulane
Mumpung isih ana wektu kanggo mertobat,pumpung isih amba jangkahe, enggala siyaga lan ageya hangrasuk Islam. Malah ngendikane kanjeng Nabi Muhamad: Nindakna limang perkara: Enomu sadurunge tuwa, Warasmu sadurunge lara, Jembarmu sadurunge ciyut, Sugihmu sadurunge mlarat, Uripmu sadurunge mati.
Suraka surak hore
Padha suka-suka sira kabeh sawise kenceng olehe gondhelan Agama Islam, muga pinaringan nugraha saka ngersa dalem Allah SWT.
(Kapethik saking Panyebar Semangat.2007.43:26)
Alal bihalal ana sing nyebut halal bihalal, jare mujudake tradhisine wong Jawa. Ing Arab dhewe ora ngenal babagan kasebut. Banjur kepriye mungguh asal-usule, lan kapan anane? Adat alal bihalal iki sing genah durung kocap ing jaman Wali Sanga samangsane Kraton Demak Bintara, uga ora tinemu ing nata binathara Mataram.
Alal bihalal kena diarani adapt anyar pasca jaman kamardikan. Miturut Ir. H. Sena Hadisumitra asal-usule adapt kaebut kawiwitan nalika ibukota pamarentahan dipindhah menyang Ngayogyakarta. Para panggedhening Negara melu boyong merlokake silaturahmi karo Sultan HB IX sarta kulawarga agung Kraton Ngayogyakarta. Awit asile rinasa becik bisa nyentosakaken persatuan lan kesatuan nasional, silaturahmi mau banjur sumrambah ing madyaning masyarakat dadi cikal bakale Halal Bihalal.
Versi liyane nyebut Halal Bihalal nembe tuwuh ing akhir kekuwasaane PB X, watara taun 1935-nan. Kaya andharan ing ngarep, saben nyedhaki Riyaya ing sala mesthi ana krameyan Maleman Sriwedari. Saka sakabehing wong dodolan ana saweneh pedhagang martabak bangsa India. Jongose pribumi Jawa. Tugase nggoreng lan nyurung grobag. Kerep-kerepe nggelar dagangane ing sangarepe gapura Sriwedari. Amrih larise, jongos mau bengak-bengok tanpa kendhat karo thang-theng nuthuki wajan nawakake dagangane tuwane, “martabak Malabar, halal bin halal, halal bin halal”. Awit akeh sing krungu, pakulinane jongos kasebut suwe-suwe ditirokake dening sadhengah wong, mligine bocah-bocah, “Martabak-martabak, halalbehalal”(Dra. H. Abdul Mun’im Apt. MM, 70 taun Drs. Sunarto Prawirosujanto, Rintisan Pembangunan Farmasi Indonesia, 1997:64)
Ukara mau sabanjure dadi popular banget. Dolan menyang Sriwedari ngepasi riyaya disebut halabihalal. Lunga saka ngomah nganggo sandhangan necis mertamu menyang tangga utawa sanak kadang uga diarani halalbihalal.
(Kapethik saka Panyebar Semangat.2007.46:8)
Adat Jawa nalika ana palakrama (mantenan), mesthi digawekake kembar mayang, alesane minangka bukti yen priya (kakung) lan wanita minangka pasangan suami istri kang sah. Kajaba iku, nalika wis nindakake upacara kembar mayang, mula pasangan suami istri kasebut “mekar”. Mekar kang dimaksud, yaiku ngemu teges kang ana sesambungane karo duniawi. “Pasangan” kasebut bisa mekar utawa amber rejekine lan anake. Kanthi mangkono bisa urip kanthi bagya.
Kembar mayang duweni pitutur urip, sing nggawe kembar mayang banjur ora sembarang wong. Lan kudu nindakake maneka persyaratan. Ing antarane sesaji luwih dhisik kanthi adus kembang. Ora mung iku, sing nggawe kembar mayang uga kudu nganakake slametan. Tujuane supaya prosesi adicara temantenan lumaku lancar. Mula saka iku, sing nggawe kembar mayang yuswane
AJP Rosidi sastrawan kondhang kang uga Ketua Dewan Pembina Yayasan Kebudayaan “Rancage” uga nglairake rasa prihatine, dene buku-buku sastra dhaerah (klebu majalahe). Anggone nerbitake ora profesional, sebab mung kesurung dening rasa tresna basa lan sastrane bae sarta dianggep ora nguntungake penerbit. Mula perlu ana trobosan kanggo mbangun penerbitan buku sastra dhaerah, kang antara liya kudu kang ditandangi luwih profesional amrih bisa narik lan payu. Upamane: saperangan disebarake liwat sekolahan-sekolahan.
Penerbit buku lan majalah dhaerah kang modhale racake mung pas-pasan, pancen ngadhepi tantangan abot ing era pers industri kaya samengko. Penerbitan buku lan majalah basa Jawa lan Sunda upamane, akeh sing kukut, mung kari siji-loro sing isih urip, awit padha kentekan modal lan durung bisa narik kawigatene wong-wong sugih dhuwit kanggo nanemake investasine. Nanging lucune, malah akeh para konglomerat sing luwih ketarik mbiyantu kegiatan olahraga, tinimbang kegiatan budaya lan sastra kang asipat rokhani.
Nanging sing gawe bombong atine Ajip Rosidi, ing kahanan kang kaya mengkene tetela isih ana sing isih setya nulis karya sastra Jawa lan Sunda, kamangka honore ora mingsra. Iki ateges bakat-bakat potensial ing sastra dhaerah, ora bisa ngrembaka klawan sawernaning tantangan kang ora entheng kasebut. Mula dheweke sakanca lumantar Yayasan Kebudayaan “Rancage”, rumangsa pinanggil kanggo aweh pengaji-pengaji marang sastrawan Sunda, Jawa lan Bali ing saben taun.
Cundhuk karo jenenge, Rancage kang ateges kreatif, diajab hadiah sastra kasebut bisa aweh pamecut marang para pengarang sastra Sunda, Jawa lan Bali amrih luwih kreatif saengga bisa nglairake karya sastra unggulan.
Miturut panemune Ajib Rosidi pengaran “Rara Mendut” lan “Bulan Madu” iki: kanggo nglestarekake lan mekarake basa & satra dhaerah, luwih prayoga yen dipasrahake marang masyarakat sing ndarbeni. Klebu para pengarang, mesthine. Awit nyatane pemerintah dhewe isih durung tanggap. Dadi kira ora tansah nggantungake marang pejabat sing kawogan. Jalaran yen pejabate wis ganti, durung karuwan sang pejabat mau uga darbe kawigaten marang budaya, basa lan sastra dhaerah. Dene pembinaan lan pengebangane, kareben diurusi dening Pusat Bahasa. Nanging nyatane kiprahe Pusat Bahasa isih winates. Sing akeh lagi nganakake panaliten basa lan sastra dhaerah, durung ana grengseng kanggo nganakake pembinaan lan pengembangan.


PURWODADI, sawijining tlatah kabupaten wewengkon Propinsi Jawa Tengah, nduweni laladan kang jembare 2.011,26 km2. Sakprotelone wilayah dumadi saka alas jati (34%) dene 60% mujudake tanah pertanian lan permukiman. Sisane awujud tanah perkebunan, dalan, kali, lapangan, Ian tanah kuburan. Kabupaten kang mbawahi 18 kecamatan Ian kabagi dadi 280 deSa iki klebu daerah bera. Kahanan lemahe manut tata geografi, alur bagian for Ian kidul mujudake gugusan pegunungan kapur, sisih kidul Pegunungan Kendheng Ian sisih lor Pegunungan Kapur Utara. Dane alur lemah bagian tengah dumadi saka lempung.
Lemah cengkar ing kabupaten kang pate nyandhang jeneng Kabupaten Grobogan kanthi ibu kotane ing Purwodadi iki ora ngendhoni semangate para warga masyarakate. Nadyan ditanduri pari kurang subur, nanging mujudake penyangga kedelai nasional kanthi nyumbang 12% lan 41% tingkat Jateng.
Ing babagan pendapatan saka sektor pariwisata, sejatine obyek wisatane cukup ana. Kabupaten kang nduwe semboyan Bersemi (Bersih-¬sehat-mantap-indah) nduwe ora kurang saka 30-an obyek wisata kang perlu digarap. Obyek wisata kang wis kondhang kaya Bledug Kuwu Ian api abadi Mrapen kaajab bisa nuntun wisatawan menyang obyek-obyek Iiyane.
Purwodadi, kang dohe saka Sala apadene Semarang padha-padha 65 km iki, sejatine sugih obyek wisata keajaiban alam Ian wisata legenda. Malah kena diarani Purwodadi iku negeri legenda, awit patilasan¬patilasane. Kayata kraton Medhang Kamulan kang ing crita Jawa, rajane aran Dewatacengkar doyanane mangan wong lan kawusanane dikalahake dening Aji Saka, kecemplung segera kidul dadi baya putih, makame Ki Ageng Seta kang kondhang btsa nyekel bledheg Ian dianggep minangka kakek nmyange raja-raja Mataram satekane Surakarta lan Yogyakarta, patilasane Jaka Tarub kang kabare ngrabi widadari Nawangwulan. Keajaiban alam kaya Iendhut panas Bledhug iku was ana 3 (telu), yaiku Bledhug Kuwu, Bledhug Medhangkawit, lan Bledhug Kasanga. Semono uga anane api abadi Mrapen lan Sendhang Dhudhane.
Eman dene obyek-obyek wisata ing Purwodadi ora bisa moncer Ian kuncara. Kabeh mau awit kagawa saka swasana alame. Kaya obyek wisata Bledhug Kuwu upamane, lemahe kang panas Ian ngandhut uyah nyebabake sakiwatengene obyek kono ora thukul wit-witane. Aja maneh tetuwuhan gedhe, suket was ora urip, saengga kahanane panas ora ngepenakake para wisatawan. Semono uga obyek-obyek wisata arupa guwa ing pegunungan kapur, nadyan endah nanging lemah kapur kang putih ora penak ing sesawangan.
SAWISE suwe Basa Jawa ora dadi mata pelajaran ing bangku SMA, bareng taun 2005 iki mlebu ing bangku SMA minangka salah sijine mata pelajaran, ana rong penemu yaiku penemu sing pro Ian kontra. Olehe pro amarga mesthi bae kanthi mlebu ing bangku sekolahan Basa Jawa bakal Iuwih ngrembaka, tun-dhone bakal lestari tetep urip ing Indo-nesia iki. Dena sing kontra, salah sijine jalaran kontra amarga tenaga pengajar sing dianggep mumpuni kang mulang ing SMA kurang, yen ora oleh disebut ora ana.
Ngono antara liya panemune Surya Esa (Budayawan), Drs Iswandi (Guru SMA), Drs Budi Pratikno, MSc (Dosen Unsoed) kang kasil dicathet dening pe¬nulis.
Kanggo ngawekani panemu kang ka¬ya mangkono, durung suwe iki manggon ing gedhong Korpri, Dinas Pendidikan Kabupaten Banyumas ngadani Sosialisasi Basa Jawa Masuk SMA. Sing dieloni dening sebageyan guru-guru SMA, guru SMP Ian guru-guru SD. Nara sumbere antara Iiya Dr Fathur Rokhman, M. Hum salah sijine dosen ing pawiyatan luhur kota Purwokerto. Kang Ahmad Tohari Budayawan Banyumas sing ngripta Ronggeng Dhukuh Paruk.
Dr Fathur Rokhman, M Hum kanthi irah-irahan Ngangkat Guru Banyumas Liwat Budaya Jawa ana 5 bab sing dituturake yaiku Terminologi Basa Banyu¬mas, Penutur Sejati, Gunane Basa Jawa Banyumas, Kahanan Kebebasan Ian Re¬kayasa Kebahasan.
Terminologi Basa Banyumas miturut Fathur Rokhman iku dumadi saka linguistik Basa Jawa dialek Banyumasan, Basa Jawa Banyumas Ian Basa Jawa Non Standar. Sarta Popular utawa kawentare Basa Jawa Banyumasan, Basa Jawa Non Joglo, Basa Jawa Pego, Basa Jawa Re¬ang Ian Basa Jawa Wong Penginyongan.
Penutur Sejati ditegesake wong sing dilahirake, Ian wong sing digedhek¬ake ing tlatah Banyumas (Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Cilacap, Ian sebageyan Kebumen). Wong-wong sing ndhukung Basa Jawa Banyumas, Keturun¬an wong Banyumas, Ian wong sing nga¬ku wong Banyumas senajan lair Ian di¬gedhekake ora ana ing tlatah Banyumas.
Gunane Basa Jawa Ba¬nyumasan ana 4 yaiku alat se¬sambungan utawa komunikasi ing tlatah Jawa (Banyumas), lambang jatidhiri daerah, alat sesambungan ing kahanan kang ora resmi utawa informal, Ian alat kanggo nyebarake (trans¬formasi) budaya Banyumas.
Kahanan Kebahasan ka¬hanan basa Jawa Banyumasan yen dijtentrehake ana pirang-¬pirang bab antara liya yen nga¬nggo basa iku ora mung cukup siji nanging luwih saka loro (dwi basa) Ian uga nganggo basa¬basa manca. Kejaba saka iku saben-saben wong Ian uga ku¬lawarga bisa milih basa endi sing arep dinggo kanggo sesam¬bungane ing kulawarga, pendi¬dikan, agama, budaya Ian se¬srawungan karo masyarakat.
Rekayasa Basa nganggo basa minangka salah sijine laku urip iku ora mung lesan nanging uga tulisan kang perlu rekayasa basa. Antara Ilya bab ejaan, lek¬sikal, istilah, parama sastra. Basa Jawa uga basa sing nduweni kalung¬guhan, piguna, drajat, Ian uga nduweni penutur dhewe.
Ahmad Tohari ing kalodhangan iku mratelakake yen "Genah wis barang nyata wektu siki Basa Banyumas lagi mo¬fahi neng sing duwe. Sing kaya kiye ge¬nah ora memper, mulane ora apik ang¬ger terus kebanjur!!" Nganggo Basa Banyumasan Ahmad Tohari crita yen wong-wong Banyumas sing umur¬umurane 40-50 taun akeh sing padha ora "undhag" ngomong Banyumasan. Apamaneh sing isih bocah TK tumeka bocah SMA.
"Kiye sing salah sapa angger udu inyong padha kap/ak, sing ora padha nggop/e maring basa pusakane para le/uhur??"
Miturut Ahmad Tohari kenangapa pa¬dha isin, ora gelem, ora bisa nganggo Basa Jawa Banyumasan? Ana pirang¬pirang perkara antara Ilya yaiku tata ba¬tine (mind set) wong Banyumas dhewe. Sing dimaksud tata batin isih akeh wong Banyumas duwe anggepan yen Banyu¬mas iki mujudake tinggalane penjajah (Landa, Iuwih-Iuwih jajahan Mataram).
Pancen wiwit biyen tlatah Banyumas iku dadi tanah jajahan wiwit saka Wira¬saba (eks Karesidenan Banyumas) dija¬jah Pajang, Demak, Mataram, Kasuna¬nan Surakarta.terus Walanda. Dadi mem¬per yen wong Banyumas padha kena ing penyakit sindrom jajahan. Mangka pe¬nyakit sindrom jajahan iku duwe tenger utawa titikan padha duwe rasa andhap asor yen diadhepake wong Iiyane Banyu¬mas, upamane bae wong manca, wong wetanan (Yogya, Solo). Rasa andhap asor (minderwadigheid) marang wong Solo, Yogya iku nyatane tilas majikan (nagarigung/peryayi) Ian wong Banyu¬mas ngrasa dadi kawula alit/wong tani/ pidak padarakan).
Rasa kaya ngene iki sing marakake yen wong Banyumas wadi ngripta-ngrip¬ta utawa ngarang-ngarang nganggo basa Banyumasan, yen ngarang ya nganggo basa dhialek nagarigung. Mu-lane pengarang-pengarang kayadene Bangun Sukono (tilas wartawan Parike¬sit/Bernas) Siwandi Dwi Nadi (sering nulls berita ana PS) padha ora wani nulls fiksi utawa cerkak kanggo majalah¬majalah Basa Jawa. Kekarone padha mlayu menyang karangan Basa Indo¬nesia.

Disebutake ing ramalan Jayabaya sing kaloka: Kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange, wong lanang ilang kaprawirane, wong wadon ilang wirange Ian wong Jawa ilang jawane. Pak Suryo Warsito ngandharake yen wong Jawa ilang jawane iku sabenere wis wiwit 371 taun kepungkur, yaiku nalika Sultan Agung ndhawuhake (dekrit ratu ?) owah-owahan taun Jawa sing asale manut petungan Syamsiah (taun Saka) diganti petungan Kamariah (taun Jawa) wiwit tanggal 8 Juli 1633 M utawa tanggal 17 Kasa 1555 Saka. Wiwit dina iku wong Jawa dipeksa ninggalake taun Jawa sing asli yaiku taun Saka, didadekake bareng karo taun Hijriyah. Tanggal 1 Sura dibarengake tanggal 1 Muharom, mung angka taune nerusake taun Saka. Mesthi wae saben taune umure luwih cendhak H diva, saengga nganti seprene wis kacek 11 taun karo taun Saka.
Nalika taun 1926, wis dianakake owah¬-owahan ing paugeran nulis aksara Jawa, diarani wewaton Sri Wedari: dianakake aksara rekan Ian taling tarung palsu. Owah-owahan iki bisa ditampa tanpa masalah dening wong Jawa. Rong taun sawise iku, tanggal 28 Oktober 1928, kanthi anane Sumpah Pemuda, menjunjung bahasa persatuan, Bahasa Indonesia. Wektu semana ana pilihan loro sing bisa dadi bahasa persatuan, yaiku: siji, basa Jawa merga akeh dhewe penuture Ian sijine basa mlayu sing wis ngembrah dienggo komunikasi wong sa Nuswantara. Kanthi kepilihe basa Melayu dadi basa Indonesia, rasane pancen pas banget. Kabeh basa Daerah ora ana sing rumangsa menang, kabeh rumangsa kalah. Kita ngrumangsani, pilihan mau pancen pas! Negara kita duwe basa persatuan sing ditampa kanthi aklamasi, tanpa protes. Yen negara Iiya kaya India upamane, basa nasional isih bermasalah, basa kita wis sukses megar tanpa alangan.
Wong Jawa sing kaloka gedhe toleransine, gelem ngalah Ian kalah. Basa Jawa ora dadi basa nasional, ora papa. Mung wae nyatane tanggal 28 Oktober 1928 dadi pathokan (tonggak) sejarah wong Jawa ilang jawane sing kaping pindhone. Mung sajroning wektu kira-kira 76 taun, basa Jawa kocar-kacir, yen ora arep diarani ajur nganti meh-meh mati. Kanggo generasi penerus basa Jawa wis dudu basa Ibu. Mbaka sithik bocah-bocah wis padha ora bisa basa krama sing becik. Kalebu ing kutha Ngayogyakarta Ian Surakarta, akeh bocah yen ditakoni dening wong tuwa nganggo basa Jawa, anggone njawab milih nganggo basa Indonesia, jalaran ora bisa krama. Gandhengane wis cetha, tulisan Jawa saya ora dikenal, disingkur. Tulisan ]awa wis mati tenan! Wong Jawa wis ilang jawane tenan!
Isih ana gandhengan sing ora kurang wigatine yaiku babagan budi pekerti. Ana unen-unen, bahasa menunjukkan bangsa. Yen sinau basa Jawa, wis mesthi budi pekerti kejawen uga melu disinau, awit ing wulangan basa Jawa uga katut diwulangake unggah ungguh Ian tata krama. Kanthi mengkono, wong sing basa Jawane isih ganep, saora-orane piwulang budi pekerti becik isih melu dingerteni. Isih perlu
Mbaleni tulisan Jawa gagrag anyar, sabenere pertu apa ora? Penulis duwe panemu yen bab iki isih tetep perlu. Senajan tulisan Jawa minangka basa tulisan saiki wis mati, nanging kita wajib setiyar, wajib nindakake iradat. Jalaran kodrat saka Kang Maha Kuwasa lagi bisa kita weruhi yen kahanan wis kedadeyan. Kita durung ngerti apa sing bakal kelakon. Sapa ngerti ana olak-aliking jaman. Saora-orane tulisan Jawa gagrag anyar minangka usaha pelestarian sabisa bisane, sinambi ndedongi marang Pangeran muga-muga tulisan Jawa bisa ngrembaka maneh.


Tanggal 14 Pebruari wis dianggep dadi diva kasih sayang. Kita ora ngerti, dening sapa Ian wiwit kapan diva iku ditetepake mangkono.
Manut sawijining sumber, tembung Valentine asale saka tembung
Valentino, sawijining Uskup ing abad III Masehi. Tahun 270 M, Kaisar Lupercus saka Romawi nglarang wong-wong rabi (nikah) merga njalari para priya ora padha gelem maju perang, ngeboti kulawargane dhewe-dhewe. Uskup Valentino ora sarujuk, banjur ngundang pasangan-pasangan remaja sing lagi padha lelumban ing katresnan, dinikahake ing grejane. Valentino dipikut Ian dikunjara dening Kaisar. Saka pakunjaran Valentino tansah ngirimake pesen-pesen cekak - kaya SMS jaman saiki - sing ngandhut isi kasih sayang marang umate. Sadurunge diukum mati, Valentino isih kober kirim layang marang tunangane sing diakhiri nganggo tembung "from your Valentine". Mbok menawa iku sing njalari saiki ing kartu Valentine sok ditulis "Your Valentine" Ian "My Valentine".
Cetha yen tradisi Valentine's day mung barang impor sing saiki wis ngembrah utamane ing kutha-kutha Ian ing kalangane remaja sing lumrahe lagi padha gandrung kapirangu . Katresnan utawa kasih sayang sing sabenere universil, wis malih mung kanggo gandrung-tan. Acara sing ana uga sipate komersial Ian konsumtif : pesta ing hotel mewah, hadiah-hadiah, hidhangan lsp sing didominasi werna jambon (pink) identik karo kembang mawar, coklat Ian abang nom sing racake pancen disenengi para remaja.
Pancen para remaja isih lagi megar Ian "mencari bentuk". Jaman globalisasi ndadekake informasi apa wae padha teka liwat media cetak Ian elektronik nganti tekan ing sadhengah papan. Para remaja akeh sing lali karo kapribadene dhewe, gampang nampa kanthi mentahan bab-bab saka Barat sing dianggep luwih modern kalebu ekses-eksese sing konsumtif, cengkah karo piwulang agama, etika lan kapribaden, kayata gegandhengane priya Ian wanita sing dudu muhrime nganti tekan sex bebas.
Yen kita niti jaman kepungkur, wong Jawa pancen kalebu sing gampang nampa kabudayan Ian piwulang apa wae saka negara manca, flanging ora ana sing ditampa tanpa "dijawakake". Agama Hindhu, Budha, Islam, Nasrani Ian Kong Hu Cu kabeh bisa ditampa dening wong Jawa nanging mesthi dijawakake, lire dilarasake karo pangerten Ian adat tradhisi sing lumaku ing tanah Jawa. Kabeh agama mau mesthi wis ora persis karo asline, flanging wis ngejawa, wis mambu Jawa.
Semono uga kabudayan kaya Mahabarata, Ramayana Ian crita Menak sing asline saka India Ian Arab, bisa megar ngrembaka nganti nyawiji karo kabudayan Jawa saengga crita-crita mau kaya-kaya asli lan kedadeyan ing tanah Jawa. Yen cetha-cetha iku kita bandingake karo asline, nyata yen wis akeh banget bedane karo sing ana ing tanah Jawa. Semono uga Hadrah, Dhibak Ian Berzanji sing asale saka tanah Parsi, yen isih ana ing tanah asale mesthi wis ora padha karo sing ana ing Indonesia.
Ana sing duwe panemu yen kepinteran Ian samubarang sing "Barat"Iuwih bisa njamin kanggo ngolehake rejeki / dhuwit. Ilmu teknologi, ekonomi, kesenian Isp kabeh Iuwih payu dole tinimbang ngelmu Ian kabudayan Jawa. Panemu ngono mau senajan ora mutlak, pancen kaya ana benere. Nanging apa bab mau banjur dadi alasan nganggep halal (menghalalkan) kanggo nyaplok kabudayan impor kanthi mentahan tanpa dilarasake karo kabudayan kita dhewe ?
Dina kasih sayang sabenere uga ana apike. Sapa sing ora butuh kasih sayang ? Kita butuh katresnan sing universil, kaya katresnaning biyung marang anake, katresnan marang sapadha-padha, uga marang basa Ian kabudayan kita.. Yen Valentine's day mung dimaknani pesta-pesta, kirim-kiriman hadiah Ian kartu sing sarwa jambon apamaneh nganti sex bebas, kita mesthi ora sarujuk.
Adhedhasar apa sing katur ing ndhuwur mau, rasane luwih becik yen Valentine's day dilarasake karo kapribaden kita, ora cengkah karo etika Ian agama sarta laras karo panguripan bangsa kita Aja mung hura-hura kaya sing saiki Iumrah diprangguli ing masarakat utamane generasi mudha. Kita butuh acara dina kasih sayang sing ora keri jaman nanging cocog karo kapribaden Indonesia.


BATHIK Solo pranyata isih urip. Dele¬ngen wae, nalika dina-dina sadurunge riyaya Idul Fitri 1425 H kepungkur, Pasar Klewer kang minangka pasar bathik ing kutha Solo kebak warga masyarakat kang padha blanja kain bathik kanggo keperluan Lebaran. "Pancen biasane sadurunge Le¬baran, kita tansah kelarisan bathik," mang¬kono pratelane Bu Slamet, sing nduwe to¬ko grosir bathik ing Pasar Klewer, Surakarta durung suwe iki.
Kutha Surakarta utawa kutha Solo sali¬yane dikenal minangka kanthi sesebutan kutha Bengawan, uga kondhang disebut¬sebut minangka kutha bathik. Lan bathik dadi identitase kutha Solo, saengga ora aneh manawa nalika kita lumebu ing kutha Solo ing sangarepe Pasar Kleco, Surakarta wis dipapag kanthi ananing patung wanita kang lagi mbathik. Patung iku kayadene minangka tetembungan sugeng rawuh kanggo para sedhulur kang arep mlebu kutha Solo, kutha bathik kang kawentar iku. "Pemerintah Kota Surakarta terus ngu¬paya kanggo gawe majune industri bathik ing kutha Solo, sebab menawa bathik Solo bisa maju saliyane nguntungake warga ma¬syarakat kutha ki, uga bathik bisa minangka identitas Ian jatidirining kutha Solo," mang¬kono pratelane Walikota Surakarta H Sla¬met Suryanto marang wartawan PS du-rung suwe iki.
Salah sijining rekadaya kanggo ngurip¬urip bathik, Walikota Surakarta Slamet Suryanto uwis gawe surat edaran marang para andhahane supaya manawa diva Jumat, para pegawai negeri ing lingkungan Pemerintah Kota Surakarta wajib nganggo bathik. Kanthi mangkono para pegawai ing lingkungan Pemerintah Kota Surakarta padha nduweni rasa tresna marang bathik. Kanthi mangkono bathik Kutha Surakarta tetep bisa urip, amarga masyarakat nduwe¬ni rasa tresna marang prodhuke dhewe.
Saliyane iku, Pemerintah Kota Surakarta uga ndadekake kampung Laweyan, kang tekan saiki isih dikenal minangka sentra industri bathik ing kutha Solo, didadekake desa wisata. Para wisatawan mancanegara Ian domestik kang teka ing kutha Solo diajak saliyane bisa nekani obyek-obyek wisata kutha Solo, kaya Kraton Kasunanan Surakarta, Pura Mangkunegaran, Pasar Klewer, Museum Radya Pustaka utawa Pasar Antik Triwindu uga diajak mlaku-mlaku menyang kampung Laweyan. Ing kono saliyane bisa mampir ing toko-toko bathik, uga bisa ndeleng kepriye prosese gawe bathik. Malah para wisatawan bisa nyoba kepriye carane bathik.


Tatacara panggih/ temon adap kejawen urut-urutanipun inggih punika (1) gantalan, (2) Ngidak Wiji Adi, (3) Mijil Suku, (4) Pupukan Toya Sekar Setaman, (5) Singepan Sinudur, (6) Bobot Timbang, (7) Ngombe/Nginum Rujak Degan, (8) Kacar-Kucur, (9) Dulang-dulangan, (10) Sungkeman.
Tumrap keratin Surakarta utawi Sala, kinanipun, pasrah-panampi panganten priya punika boten wonten.Menawi sampun sami celakipun, panganten sami ambalang gantalan. Pambalangipun panganten priya dhateng panganten putri kaangkah kapeneraken ing dhadha, punika werdinipun angener dhateng jantungipun estri. Anelakaken sihipun priya dhateng ingkang kaemong. Mila gantaling panganten priya winastan gondhang asih-gondhang tutur (gantal ingkang cinepeng penganten priya winastan gondhang tutur, dene gantal ingkang cinepeng panganten estri sinebat gondhang asih).
Sasampunipun sami mbalangaken gantal, panganten priya lajeng ngidak tigan ayam ngantos pecah. Punika werdinipun sageda ingkang dhaup anggadhahi turun. Kalimrah ugi dipunwastani “Ngidak Wiji Adi/ ngidak Wiji Dadi”.
Sukunipun panganten priya dipun wijiki panganten putri, punika minangka pratela bektinipun estri dhateng priya, dipunwastani “Mijil Suku”
Pupukan Toya Sekar Setaman, punika putri lajeng anyarati panganten putrid mawi cara tanganipun penganten putri kacelupaken ing toya sekar setaman kapupukaken ing githokipun penganten kalih-kalihipun. Punika minangka pracihna pitepanganipun penganten priya lan wanita ingkang sineksen dening Dewaning warih: Hyang Baruna(Kajawen) utawi Nabi Kilir (agami Islam).
Sinengepan Sinudur, panganten kajejeraken majenipun tumuju patanen, priya wonten tengen, putri wonten kiwa. Biyungipun panganten putri anggandheng panganten kekalih mawi sindur kasingepan ing pundhakipun, terus kaboyong dhateng patanen.
Bobot Timbang, saderengipun penganten linggih jejer wonten sangajengipun patanen, Bapa ngrumiyini linggih (lenggah)satengahing petanen perlu nindakaken tatacara Bobot Timbang. Tumindakipun, penganten priya nempel linggih ing dhengkulipun pupu tengen bapa, penganten putri ing dhengkulipun kiwa. Biyung linggih (lenggah). Sangajengipun sarwi pitaken (matur) “Abot endi bapake?” dipun wangsuli “Padha bae”. Punika tegesipun boten wonten bedanipun ing antawisipun anak piyambak kaliyan mantu. Kalajengaken ngabekten.
Ngombe Rujak Degan. Ngombe Rujak Degan mila mendhet rujak degan, anglajengaken pirantos siraman ing ngajeng . Tegesipun kajawi anyembuh reresik ugi dados saranaanyenyeger badan Mila salebeting tatacara punika, nalikanipun bapa nedha rumiyin, biyung pitaken”Kepriye rasane, pakne?”. Dipunwangsuli “ Seger sumyah nyumrambahi wong saomah.” Rujak degan lajeng kalorodaken biyung lajeng anganten priya lan estri.
Kacar-kucur. Pirantosipun sawernanipun arta kumrincing kacampur uwos jene, kacang kawak, kedhele kawak. Punika erdinipun anggemeni bandha minangka salah setunggalipun sarana kekah lan santosaning adegipun bale griya.
Dulang-dulangan, tata cara nedha sekul rending, kalimrah winastan dulang-dulangan, mengku kajeng pasemon manunggalipun priya-wanita.
Ingkang pungkasan Sungkeman, temanten kakung lan temanten putri sungkem dhateng tiyang sepuhipun.
Prof. Drs. Suwaji Bastomi

Raja Muda Di Astina

Pada zaman dahulu kala jauh sebelum lahirnya Pandawa dan Korawa ada seorang satria bernama Bambang Parikenan. Ia menurunkan seorang anak laki-laki bernama Resi Manumayasa.
Sebutan Resi menunjukkan bahwa Manumayasa seorang pendeta pertapa. Pertapaannya di pegunungan Saptaarga atau Retawu. Resi Manumayasa menurunkan seorang anak bernama Bambang Sekutrem. Ia adalah seorang satria sakti yang pernah dimintai tolong oleh dewa untuk membinasakan musuh. Bambang Sekutrem menurunkan seorang anak laki-laki bernama Bambang Sakri. Kemudian Bambang Sakri juga hanya menurunkan seorang anak laki-laki yang bernama Raden Palasara atau Parasara
Raden Palasara adalah seorang satria pendeta. Sewaktu Palasara bertapa, ia digoda oleh dewa yang menjelma menjadi seekor burung pipit dan bersarang di rambut sang pertapa. Maksud dewa agar Raden Palasara menggagalkan tapanya, dan mau menjadi satria di suatu Negara.
Ketika Raden Palasara memburu burung pipit yang mengganggu tapanya, ia menyebrangi sungai Gangga dengan perahu. Akibat ombak sungai yang besar dan aliran air yang deras, perahunya pecah menjadi dua. Raden Palasara hanyut, kemudian terdampar di suatu tanah kosong di pinggir sungai Gangga. Raden Palasara mengolah tanah kosong itu sehingga menjadi sebuah Negara yang diberi nama Astina.
Raden Palasara menurunkan seorang putra bernama Raden Abyasa. Ia menggantikan ayahnya menjadi raja Astina bergelar Prabu Kresnadipayana. Selanjutnya Prabu Kresnadipayana menjadi raja pendeta dengan sebutan Bagawan Abyasa. Setelah menjadi pendeta ia bertempat tinggal di Saptaarga. Bagawan Abyasa berputra tiga orang, yaitu:
(1) Raden Destharastra, menyandang cacat buta sejak lahir, tetapi sangat sakti.
(2) Raden Pandhudewanata menyandang cacat “tengeng” sejak lahir. Ia mempunyai keahlian menggunakan senjata. Kesukaanya berburu di hutan. Raden Pandhu menjadi raja di Astina bergelar Prabu Pandhudewanata.
(3) Raden Yamawidura, juga menyandang cacat, yaitu kaki timpang atau pincang sebelah sejak lahir. Raden Yamawidura adalah satria yang sangat bijaksana, mahir dalam tata Negara.
Raden Destharastra menurunkan putra seratus orang. 99 orang laki-laki dan seorang perempuan bernama Dursilawati. Putra Raden Destharastra disebut Kurawa.
Raden Pandhudewanata menurunkan lima orang putra. Kelimanya laki-laki semua, yaitu Raden Puntadewa, raden Bratasena, Raden Permadi, Raden Pinten dan Raden Tangsen. Kelima orang tersebut disebut Pandawa.

Tidak ada komentar: